Anjlog Seka Brug Sepur, Bocah Brebes Kiyé Ilang Klelep nang Kali Cisanggarung

Nasional

Bocah-bocah siap terjun maring sungai seka brug rel KA. (foto istimewa)

BREBES — Melas nemen nasibé Royan (14), bocah seka Désa Prapag Kidul Kecamatan Losari Kabupatén Brebes kiyé. Dhéwéké dikabarna ilang klelep nang kali Cisanggarung sing ana nang perbatesan Jawa Tengah lan Jawa Barat, dina Kemis (20/1/2022).

Nggo lokasi ilangé korban manjing nang wilayah BBWS Cimanuk Désa Losari Kecamatan Losari Barat Jawa Barat. Dinyana korban klelep gara-gara ora bisa inggek pas lagi dolanan karo batiré.

Kepala Satuan Unit (Kanit) Reserse dan Kriminal (Reskrim) Polsek Losari Iptu Tasudin ngiyakna peristiwa ilangé Royan sing klelep nang kali Cisanggarung. Kedadénan, sekitar jam setengah telu soré. Tim gabungan seka BPBD, TNI, POLRI lan masarakat ngantikan bengi kiyé ésih terus nggoléti jasadé korban.

“Angger lokasi kedadenan klelepé korban manjing wilayah hukum Polsek Losari, Jawa Barat. Tapi korbané warga Désa Prapag Kidul, Kecamatan Losari, Jawa Tengah,” ungkapé.

Sadurungé kedadénan, jaré Tasudin, korban bareng karo batiré inggek nang kali, sekitar dampar sepur manjing Désa Losari Kidul. Tapi, korban dinyana ora bisa inggek, mugané klelep.

“Inggek nang Kali Cisanggarung nang ngingsor dampar Losari Barat, sing sijiné ora bisa inggek lan kegawa arus,” omongé.

Anané kedadénan kuwé, pihaké wis kordinasi karo pihak kepolisian Polsek Losari, Cirebon, Jawa Barat. Lan wis digoléti bareng-bareng karo perangkat désa.

“Dhéwék mau wis koordinasi karo Polsek Losari, Jawa Barat,” jaréné.

Sementara kuwé, Lurah Prapag Kidul Ela Sugiarto ngomong, informasi sing diolihi daning dhéwéké pancén sing klelep yakuwé warga désané. Tapi, kedadénané ana nang wilayah Losari Barat.

“Info iya warga Prapag Kidul, kiyé lagi digoléti Tim Sar. Nganti saiki durung ditemukna,” jaré Ela Sugiarto. (*)

Leave a Reply