Ditinggal Sembayang nang Brebes Sedélat, Motor Langsung Ilang

Nasional

Seka CCTV katon ana maling motor wayah ngaksi.

BREBES – Nang Brebes ana motor ilang maning. Saiki, motor Honda Scoopy digawa maling wayah sing nduwéné lagi Jumatan nang Kecamatan Ketanggungan, Kabupatén Brebes, dina Jemuah (21/1/2022).

Kapolsek Ketanggungan AKP Suroto ngomong, aksi kuwé kedadén nang ngarep warnét lan konangan daning CCTV.

Suroto ngomong pelaku wong loro teka nggunakna motor Suzuki Satria Fu. Salah siji pelaku latané nggawa motor incerané lan kabur maring arah kulon.

“Motor sing dicolong Honda Scoopy karo nomer polisi G 2391 XJ. Motor kuwé jebulé ndéké warga sing lagi Jumatan nang masjid sing lokasiné ora adoh seka warnét tempat motor diparkirna,” jaré Suroto, dina Saptu (22/1/2022).

Saliyané bisa kabur nggawa motor colongané, jaré Kapolsek, pelaku uga nggawa STNK sing didelah nang njero jok motor kuwé daning sing duwéné.

“Saiki anggota seka Unit Reskrim Polsek Ketanggungan lan tim Resmob Polres Brebes lagi nguber pelaku,” jaréné.

Pihaké nglaruhi, sing duwé motor pada markirkna motoré nang tempat sing aman lan pastikna kekunci. Soalé saiki lagi ramé motor ilang.

“Angger perlu nggunakna kunci tambahan luwih apik,” pungkasé. (*)

Leave a Reply