16 Kapal nang Pelabuhan Tegal Kobong, Butuh Waktu Sadina Nggo Nyirepna Geni

Nasional

Penampakan kapal kobongan difoto seka nduwur.

TEGAL – Akéhé nembelas kapal nelayan kekobong pas lagi nyéndér nang kawasan Pelabuhan Tegal, dina Saptu (29/1/2022). Saking padeté kapal nang lokasi nggawé geni cepet nemen nyebar.

“Merga padeté sing kedadén nggawé geni cepet nemen nyebar,” jaré Kapolres Tegal Kota AKBP Rahmad Hidayat.

Dingerténi, awal mula kedadénan kobongan sekitar jam setengah lima ésuk seka salah siji kapal sing lagi nyéndér ngantikan akhiré mrémbét ngobong kapal-kapal sing liyané.

Ana pirang petugas pemadam kebakaran ésih usaha nggo nyirepna geni sing wis nggesengna welasan kapal nang Pelabuhan ndéké PT Pelindo III nang Kota Tegal kuwé.

Kedadénan kobongan kuwé molai seka salah siji kapal. Geni muncul seka konsléting listrik sing perek-perekan karo mesin kapal utawa tangki bahan bakar.

Soalé kondisi pelabuhan sing ciut ditambah akéhé kapal sing nyéndér lan padha-padha perek-perekan, mugané kobaran geni cepet nemen nylamber kapal-kapal liyané.

“Akses nggo nuju maring titik geni uga ora gampang. Puluhan mobil pemadam kebakaran seka Kota Tegal diréwangi seka wilayah Brebes, Slawi lan Pemalang mélu nyirepna geni lan nglokalisir kapal-kapal sing kekobong,” jaré Rahmad.

Sementara nggo nylametna kapal-kapal liyané sing durung kekobong, pihaké ngupayakna karo mbuka jalur kapal nggo metu. Ébén siji siji kapal bisa mingser ngadohi seka titik lokasi kobongan.

Kapolres nyayangna soalé akéh sing duwé kapal sing ora nyiagakna ABK-né nggo jaga-jaga wayah kapal nyandar. Mugané kurang tanggap pas nglakoni tindakan wahah kedadén kobongan. Hal kiyé o sing gawé angel kapal mingser soalé kopong laka sing jaga, ngantikan akhiré geni cepet mrambat seka kapal siji maring kapal liyané.

“Senajan ora mangan korban jiwa, tapi personel Polres Tegal Kota bareng karo stake holder kekait ésih terus upaya nggo nyirepna geni lan ngutamakna keslametan kabéh awak kapal,” pungkasé.

Geni Akhiré Sirep

Sawisé ana sadina utawa sekitar patlikur jam, kobongan akhiré sirep, dina Minggu (30/1/2021). Usaha nggo pendinginan dilakoni ngantikan dina Minggu awan sawisé sadurungé sempet muncul kobaran geni pas lagi pendinginan.

Kapolres Tegal Kota, AKBP Rahmad Hidayat, ngungkapna, kobaran geni sing nggleger dhuwur gara-gara kekobongé tangki BBM jenis solar seka salah siji batang kapal.

“Ana pirang mobil pemadam kebakaran dikerahna maning nggo nyirepna geni,” jaré AKBP Rahmad Hidayat, dina Minggu (30/1/2022).

Rahmad ngomong, petugas fokus nglakoni pendinginan kapal sing kekobong ébén aja kosih geni muncul maning. Nggo langkah antisipasi, petugas pemadam kebakaran seka PT Pertamina uga mélu ngréwangi nglakoni pendinginan karo cairan khusus.

Sementara kuwé, data paling anyar seka kepolisian nyebut sacuilé ana nembelas kapal sing kekobong sajegé kedadénan kedadén lagi dina Saptu (29/1/2022).

Polisi ésih nglakoni penyelidikan karo njaluki keterangan seka saksi-saksi. Perkiraan awal, kobongan sing dimolai seka salah siji kapal disebabna merga ngalami konsléting listrik ngantikan metu geni.

“Polisi durung bisa nglakoni olah TKP soalé kapal sing kekobong ésih lagi prosés pendinginan, termasuk mengko nglibatna tim Labfor Polda Jateng,” jaré AKBP Rahmad. (*)

Leave a Reply