Nang Jalur Guci Tegal Ana Mobil Nggesrak Maring Jurang

Nasional

Mobil Daihatsu Xenia maring jurang, dina Senén (17/1/2022).

TEGAL — Nang jalur Objék Wisata Pemandian Air Panas Guci ana mobil Daihatsu Xenia warnané silver nggesrak maring jurang, dina Senén (17/1/2022). Lokasi tepaté nang dlanggung léter S Kalibakung, Kecamatan Balapulang, Kabupatén Tegal.

Mobil kuwé dijalakna daning Muhammad Amin Fiqi, warga Désa Sumirkir, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupatén Tegal. Jaré, kedadénan kuwé kedadén gara-gara supiré ngantuk.

“Perkiraan sementara supiré ngantuk. Dhéwéké banting setir nengen lan nggesrak maring jurang,” jaré Kanit Gakkum Satlantas Polres Tegal, Iptu Teguh.

Jaréné, kedadénan awalé wayah mobil sing plat nomeré B 1823 UIS nglinter seka arah lor pan maring kidul. Anjogé nang lokasi, kendaraan ujug-ujug nggléyang nengen ngantikan akhiré nggesrak maring jurang.

“Laka korban jiwa, lan mung tuna material sekitar pitung juta. Saiki kendaraan ésih nang lokasi lan lagi diévakuasi nggunakna mobil dérék,” jelasé. (*)

Leave a Reply