Dodolan Ganja, Bakul Cilok nang Brebes Dicekel Polisi lan 2 Pemasoké

Nasional

Polisi wayah mriksa bakul cilok keliling nang Limbangan.

BREBES — Danuri (31) bakul cilok keliling dicekel daning tim Satresnarkoba Polres Brebes, dina Minggu (23/1) bengi. Dhéwéké dicekel petugas pas lagi dodolan cilok nang sekitar SPBU sing ana nang wilayah Désa Limbangan Kecamatan Kersana.

Bakul cilok kuwé warga asli Désa Sutamaja Kecamatan Kersana, Kabupatén Brebes. Pas dicekel, petugas nemu barang bukti pirang-pirang pakét ganja sing disrogna nang slorokan duwit grobag.

Kasat Narkoba AKP Aris Maryono ngomong, petugas nyekel tersangka berkat laporan seka warga sing was-was karo anané narkoba jenis ganja sing berédar nang sekitar wilayah Kecamatan Kersana

“Dhéwék sing olih laporan, langsung nyekel lan ngglédah tersangka Danuri sing waktu kuwé lagi dodolan cilok,” jaré Aris Maryono, dina Slasa (25/1/2022).

Seka hasil penyidikan tersangka ngaku wis ngédarna pakét ganja sajegé rong wulanan kiyé, lan alesané nggo penghasilan sampingan.

“Sa pakét ganja didol saregan seket éwu, saben 40 pakét ganja sing didol tersangka ngaku bisa ngréyok untung nganti rongatus seket éwu,” jelasé.

Sedengé sasaran dodolan ganja pelaku maring bocah-bocah enom utawaha kaplak nang wilayah Kecamatan Kersana. Ora mung kuwé, hasil pengembangan polisi berhasil nangkep loro tersangka liyané, M. Ady Sukma Wijaya (27) lan M. Kuntoro (29), keloroné warga Désa Padakaton, Kecamatan Ketanggungan sing dadi pemasok ganja maring bakul cilok kuwé.

“Hasil pengembangan dhéwék nangkep loro tersangka liyané sing dadi pemasok barang haram kuwé. Polisi uga nyebut barang ganja sing diédarna nang Brebes yakuwé pasokan kiriman seka Medan, Sumatera Utara,” ungkapé.

Saliyané nangkep telu tersangka, polisi uga ngamana luwih seka 2.1 ons ganja siap édar. “Telu tersangka kue dikenakna pasal 112 Nomer 35 Taun 2009 Ngenani Narkoba karo anceman kurungan 4 ngantikan 12 taun penjara,” pungkasé. (*)

Leave a Reply